Rabu, 09 Juli 2008

Panduan Checkin Bahasa Jawa

PRANOTO ADI CORO

NET 10.32 (sedoso tigo kalih)

10.50(sedoso seket); 10.50 (sedoso seket); 10.50 (sedoso seket)

Break, Break, Break….

Para Kadang ingkang nedeng nggegono dipun suwun mendel sakwantawis amargi jalur punika bade kagem adicoro Net 10.32 (sedoso tigo kalih) RAPI ZZW 03 (nol tigo) Blitar…

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Dalu puniko katiti dinten Saptu Paing suryo kaping 28 (kalih doso wolu) candra kaping 6 (enem) warso 2008 (kalih ewu wolu) adicoro Net 10.32 (sedoso tigo kalih) RAPI wonten ZZW 03 (nol tigo) Blitar kawiwitan

Ingkang kajibah dados pangarso jalur inggih puniko JZ 13 (tigo welas) HTV kanthi tetenger Gatot lan ingkang maos Kode Etik RAPI inggih puniko JZ 13 (tigo welas) HTT kanthi tetenger Mohamad Mobin.

Kagem JZ 13 (tigo welas) HTT dipun suwun maos Kode Etik RAPI dalah Panca Bhaktii RAPI, Wekdal dipun aturaken / wekdal kinaturan/ Sumonggo.

Matur gunging panuwun Kagem JZ 13 (tigo welas)HTT ingkang sapun paring maosan Kode Etik RAPI dalah Panca Bhakti RAPI. Mugi-mugi sageto dados tuntunan ugi paugeran anggenipun wawan pangandikan kaliyan para kadang wonten ing radio.

Kagem para kadang ingkang tanggap warso ing dinten kalenggahan puniko, kulo aturaken sugeng tanggap warso

lan kagem konco-konco ingkang ndawek tindak-an , supados kebak pangatos-atos, mugi tansah pinaringan keslametan sahinggo dumugining panggonan utawi 10. 85 (sedodo wulung doso gangsal)

Ingkang sakmeniko nandang gerah mugi inggal saras kodos wingi uni

pambukaning wekdal kulo aturaken kagem pangarso RAPI ZZW 03 (nol tigo) Blitar kagem ngaturaken pawartos utawi 10.14 (sedoso sekawan welas). Wekdal dipun aturaken

Salajengipun kulo ngaosi kalonggaran dumateng sedoyo wargo ageng RAPI, para calon wargo RAPI dalah para kadang sedanten ingkang ndawek nggegono ing jalur puniko supados kerso nderek mangayubagyo adicoro net 10.32 (sedoso tigo kalih) RAPI ZZW 03 (nol tigo) Blitar ing dalu puniko.

Kulo JZ 13 (tigo welas) HTV ingkang kajibah dados pangarso jalur salajengipun 10.23 (sedoso tigolikur).

Nanggapi JZ 13 (tigo welas) MQB Bapak Hengky ing tlatah Garum matur gunging panuwun kawigatosanipun sampun kerso mbucal wekdal kagem nderek nyengkuyung adicoro puniko.

Dawah sami-sami, Salam RAPI 51 (seket setunggal) – 55 (seket gangsal) kagem panjenengan Mugi tansah 10-2 (sedoso-kaleh), manggih karaharjan dalah para kulowargo ing ndalem utawi (10-85) (sedoso wolungdoso gangsal).

Kito tansah nenggo kawigatosan panjenegan kagem nderek adicoro puniko ing wekdal sanesipun.

Menawi 10.74 (sedoso pitungdoso sekawan) kagem 10.14 sanesipun ingkang bade dipun 10-5 (sedoso gangsal), JZ 13 (tigo welas) MQB dipun aturi 10-23 (sedoso tigo likur).

Ngaturi JZ 13 (tigo welas) GMR Wekdal dipun aturaken, Sumonggo....

Kulo JZ 13 (tigo welas) HTT ingkang kajibah dados pangarso jalur salajengipun 10.23 (sedoso tigolikur).

Adicoro net 10.32 (sedoso tigo kalih) RAPI wonten ZZW 03 (nol tigo) Blitar ing dalu puniko dipun dereki ........... stasiun. Ingkang wiwitan inggih puniko JZ 13 (tigo welas) .......... lan JZ 13 (tigo welas) .......... ingkang pungkasan.

Kawula JZ 13 (tigo welas) ..........ingkang kajibah dados pangarso jalur ngaturaken gunging samudra pangaksami bilih wonten klinta-klintune atur ugi kulo aturaken matur sembah nuwun kagem para kadang sedanten ingkang sampun kerso nderek mangayubagyo ing adicoro puniko. Mugi Gusti Kang Maha Agung tansah paring rahmat, Rizki kesarasan lan panjang yuswo sahinggo kita saget pinanggihan maleh ing wekdal-wekdal sanesipun. Nuwun.....

Wassalamu alaikum Wr. Wb.

Merdeko...


KAGEM PANDEREK

ADI CORO 10.32

Assalamu Alaikum Wr. Wb.

Matur Nuwun lan Sugeng dalu

Salam RAPI 51 (seket setunggal) – 55 (seket gangsal) kanthi pangajab mugi kita tansah 10.2 (sedoso kalih) dalah sedanten wargo lan kadang ingkang ndawek nggegono ing dalu puniko.

Sugeng ngayahi jejibahan ingkang dados pangarso jalur JZ 13 (tigo welas) HTV Bapk Gatot mugi lancar ngantos purnaning adi coro puniko.

Nderek mangayubagyo adicoro 10.32 (sedoso tigo kalih) ingkang katindakaken dening RAPI ZZW 03 (nol tigo)Blitar dalu puniko.

10.74 (sedoso pitungdoso sekawan) kagem 10.14 (sedoso sekawanwelas) sanesipun ingkang bade dipun 10-5 (sedoso gangsal).

Kulo JZ 13 (tigo welas) MQB pinaringan asmo Hengky ingkang nggegono saking tlatah Garum salajengipun 10.23 (sedoso tigo likur)

Nuwun ... !!!

Wassalamu Alaikum Wr. Wb.


KAGEM PANDEREK

ADI CORO 10.32

Assalamu Alaikum Wr. Wb.

Matur Nuwun lan Sugeng dalu

Salam RAPI 51 (seket setunggal) – 55 (seket gangsal) kanthi pangajab mugi kita tansah 10.2 (sedoso kalih) dalah sedanten wargo lan kadang ingkang ndawek nggegono ing dalu puniko.

Sugeng ngayahi jejibahan ingkang dados pangarso jalur JZ 13 (tigo welas) ......... Bapk/Ibu/Sederek........ mugi lancar ngantos purnaning adi coro puniko.

Nderek mangayubagyo adicoro 10.32 (sedoso tigo kalih) ingkang katindakaken dening RAPI ZZW 03 (nol tigo)Blitar dalu puniko.

10.74 (sedoso pitungdoso sekawan) kagem 10.14 (sedoso sekawanwelas) sanesipun ingkang bade dipun 10-5 (sedoso gangsal).

Kulo JZ 13 tigo welas) ........ pinaringan asmo ........... ingkang nggegono saking tlatah ........... salajengipun 10.23 (sedoso tigo likur)

Nuwun ... !!!

Wassalamu Alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar: